Sugeng Rawuh
Wonten Ing Situs Web TRAWACA

Ingkang kawastanan TRAWACA wonten ing ngriki inggih punika salah satunggaling pakempalan penelitian ingkang nggadhahi kawigatosan bab budaya lan kepéngin nguri-uri budaya Jawa.

Punapa ta TRAWACA punika?


TRAWACA inggih punika tembung Basa Jawa ingkang anggadhahi makna 'gamblang' lan 'cetha'. Pramila, tembung TRAWACA kaginaaken minangka singkatan kanggé "Transliterasi Aksara Jawa Duta Wacana", inggih punika sawijining pakempalan penelitian, ingkang kawiwitan rikala taun 2016 wonten ing Fakultas Teknologi Informasi, Universitas Kristen Duta Wacana Yogyakarta.
Pakempalan punika lair saking raos prihatin amargi budaya - utaminipun basa - Jawa lan sapanunggilanipun ingkang wonten ing Indhonésia, samsaya dangu samsaya luntur lan ical kénging ombyaking budaya manca ingkang mawarni-warni. Raos punika kairing déning pepinginan, kados pundi anggènipun saged ngetrapaken ilmu ingkang dipun gadhahi déning para anggota TRAWACA, inggih punika ilmu Informatika, kanggé ngupados lestantunipun budaya Nusantara ingkang adi luhung.
Awit punika, pakempalan TRAWACA tansah ngawontenaken penelitian ing bidhang Digital Humanities, kanggé nggayuh pepinginan bilih mangké sageda damel digitalisasi tumrap naskah-naskah ingkang kaserat nganggé aksara Jawa lan nyimpen isining naskah punika wonten ing wujud teks digital mawi aksara Jawa (UNICODE) lan ugi aksara Latin.

Tim TRAWACA


Peneliti Utama

Dr. phil. Lucia D. Krisnawati, S.S, M.A
Pemrosesan Bahasa Natural, Pembelajaran Mesin
Aditya Wikan Mahastama, S.Kom, MCS
Pengolahan Citra Digital, OCR

Kontributor

Aryasasta Dharma Sagala :: GN1920
Riko Gusjakal Muran :: GN1920
Nathania Saphira :: GN1920
Aldo Kurnia Wicaksono :: GS1920
Ryan Ariestillman Candra :: GS1920
Friendly Living Hulu :: GS1920
Styan Lintang Sumiwi :: GS1819-GN1920
Samuel Eddijanto :: GN1819
Michell Bernardi S :: GN1819
Nana Eka Wulandari :: GN1819
Habriyanto Kala'padang :: GS1819
Ofri Cantika Valent :: GS1819

Karsaa nyerat layang elektronik dhateng trawaca@staff.ukdw.ac.id

Kagiyatan TRAWACA


Anotasi Aksara Jawa

Kagiyatan urun daya dening para piyantun Jawa wonten ing tlatah Nusantara kangge maringi label dhateng asil segmentasi aksara Jawa saking proyek OCR Jawa. Proyek OCR Jawa punika kasengkuyung dening Wikimedia Indonesia.
Sapunika kagiyatanipun sampun rampung.

Januari-Februari 2019

OCR Cakra

Wedalan wiwitan OCR Cakra (maCA aKsaRA), aplikasi web OCR kangge digitalisasi naskah aksara Jawa ingkang asalipun saking cap-capan, kadosta buku.

24 Mei 2019

Benjang taksih badhe wonten kagiyatan malih!

 

Sentana TRAWACA


Wikimedia Indonesia | Proyek OCR Aksara Jawa, 2018 dumugi sapunika.
Museum Sono Budoyo, Yogyakarta | Penelitian bab upaya ngresiki naskah kuna aksara Jawa ingkang sampun arupi gambar digital, 2017-2018.
Yayasan Sastra Lestari, Surakarta | Reréncangan bab penelitian naskah-naskah kuna ingkang kaserat mawi aksara Jawa, 2016 dumugi sapunika.
Indonesia Digital Heritage | Reréncangan bab penelitian budaya, 2017 dumugi sapunika.